Mas
Bendo: 
ndik Suroboyo menyang Tunjungan
                      mbanting
busi dipane kayu
                      paklik
Rasiyo memang pengalaman
                      ning
Lucy pancene ayu
Mbak
Yu
:    nyilih kain popok nang Karangan
                      momong
rojo koyo bareng Rhoma Irama
                      milih
pemimpin, rek, ojok sembarangan
                      lek
wong Suroboyo yo jelas milih Bu Risma
(Iyo,
rek. Tak kandhani koen yo; lha lek cumak bondho ayu thok, lha digawe
opo?! Pemimpin iku kudune lak cak-cek, opomaneh masalah Suroboyo iku
uakeh puoll. Banjir umpamane. Lha lek ngatasi banjir ditinggal
wedhak'an dhisik, lak selak klelep wargane)
Mas
Bendo:
    mangan delima kleleken kecik
                         sapi
karo kebo kelonan wae
                          prestasine
Bu Risma pancene apik
                          tapi
opo salahe njajal calon liyane
(Lha,
sopo ngerti paklik Rasiyo karo Ning Lucy iku lek diwenehi kesempatan
isok gawe kutho Suroboyo luwih apik. Lha lek durung dijajal wis
dianggep gak mampu, iku termasuk kliru, Mbak Yu.)
Mbak
Yu:  
     penari japin numpak gerobak
                         peniti
kae pasangno nang kain katun
                        milih
peminpin ojok cobak-cobak
                        sing
mesti-mesti ae ben engko ora getun
(Sampeyan
iku, Cak, Cak. Milih peminpin kok cobak-cobak. Koyok nganggo minyak
kayu putih ae. Pokok'e aku wis madhep mantep, gepeng ilir aku tetep
milih Bu Risma)
Kang
Karib :
     banyu aki dicampur terasi
                            rondho
lesehan nang pojok plataran
                            yo
ngene iki urip ing zaman demokrasi
                            bedo
pilihan ojok sampek dadi tukaran
                               bantalan
lesung mergo gak duwe dipan
                               upo
ning kendhi lambene dilat-dilat
                                pemilihan
langsung pancen butuh kedewasaan
                               sopo
ae sing dadi awak'e dhewe tetap ae melarat rakyat
(wis
talah, rek. Gak usah gegeran mergo bedo pilihan. Opo koen pikir lek
jagomu sing dadi terus peno gak perlu nyambut gawe. Lha sopo sing
ngingoni anak-bojomu? Mbahne Sangkil opo! Ayo, sing penting nyambut gawe, perkoro mengko
pemimpin (calon sing endi ae sing menang) ora lali janjine, yo
syukur. Lha lek ingkar janji, ayo didungakno bareng-bareng mugo-mugo
gudhiken sak kujur awak'e.)*****
 
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar