ASALE  nalika bada taun kepungkur dheweke nduweni nomer ponselku. "Saka  Rini," kandhane mangsuli pitakonku.
Ya,  minangka kanca SMP, aku isih ora lali Rini.    
Rini  kancane Kadarwati, Zahrotun lan Sali. Jeneng sing dak sebut pungkasan  iku saiki kabare wis sukses nang Bali. Duwe salon sing rame  pelanggane. Lan; Sali sing pancen wiwit biyen kemayu kuwi, saiki  operasi dadi wadon lan krungu-krungu jenenge ganti dadi Shally.   
"Aku  Rindhang," kandhane liwat ponsel.
Dak  peksa ngiling-iling, jan ora kelingan blas.   
"Pancen  aku ora nganti lulus," Rindhang nutukake, " sawuse ngantem Pak  Juma'i, aku langsung metu. Ra sekolah ra pathek'en," guyune jan  ucul-cul.
Ya  tekan kuwi, nganti saiki, terus wae Rindhang hubungi aku. Yen ora  nelepon, ya SMS. Ra pandhang wektu; kadhang tengah wengi. Tapi siji;  dheweke ora dak wenehi alamat omahku.
"Wedi  yen dak parani ya?"
Aku  ora mangsuli.   
Nanging,  kerana penasaran, sawuse meh selawe taun ora ketemu, aku nyempatke  janjian ketemu.    
     ooOoo
Rambute  rada brintik, kulitane rada ireng. Wong lanang nang ngarepku iki  nganggo jaket kulit, dedeg-piyadege atletis.
"Akhire...."  Rindhang mapak aku nang lawang restoran. Dheweke ora mung nyalami,  tapi ngrangkul aku kanthi raket. Nanging aku malah krasa aneh; sapa  satemene Rindhang iki?
"Piye,  wis iling?"
Sajujure  aku lali, nanging mesthi ora patut yen aku kanthi blaka-suta kandha  mangkono ing ngarepe. "Wah, tambah gagah saiki..."   
"Awakmu  ya awet enom," walese. "Dak kira biyen kowe tenanan karo Rini. Eh  jebul malah ucul tekan dhusun kesasar ing kutha iki..."
"Lha  awakmu kok ya nganti tekan kene iki ya kepriye critane?"
Rindhang  malah ngguyu kaya mamerke untune sing putih, kosok-baline karo  pakulitane.   
Ing  meja wis pepak isine. Rindhang nyumanggakne, kandhane, "Ayo, ora  usah isin. Kabeh wis dak bayar kok. Anggep wae iki aku ngurmat kanca  lawas sing seprapat abad ra ketemu.."
Sinambi  ngono, Rindhang takon-takon keluargaku; anak bojoku. Dak jawab sa  anane. Dak tutupi saperlune. Lha iya ta? Kanca ya kanca. Iku selawe  taun kepungkur. Saiki aku ora weruh sapa sejatine dheweke.   
"Aku  ya ngene iki. Penggaweanku ya uyar-uyur ngene iki," kandhane.
"Mung  uyar-uyur kok mobilmu apik", sangkalku. "Ra mungkinlah.."
"Sawuse  metu sekolah kae," sawuse nyumet udut, Rindhang kandha, "aku  mrana-mrene. Nang Kalimantan rong taun, nang Papua pitung taun.  Nalika aku bali nyang ndesa, kowe wis ra ana. Jare kanca-kanca, kowe  neruske sekolah nyang kutha."
Aku  ngrungokake wae.   
"Njur  aku kerja melu Pak Gelam."
Pak  Gelam? Wah, jaman nang ndesa biyen, sapa sing ora wedi marang wong  lanang gedhe-dhuwur kanthi brengos njlaprang, lengene nganggo gelang  oyot mbuh wit apa, menyang ngendi wae tansah nganggo klambi ireng lan  udheng abang. Rindhang kerja melu Pak Gelam? Padhahal Pak Gelam iku  raja begal. 
"Limang  taun aku melu Pak Gelam. Asile ra sumbut karo akibate. Durung yen  kecekel, durung yen dibui..."
Dheg.
Ora  kleru graitaku.
Senajan  aku rada kaget, aku macak adhem wae. Nanging geneya iku dicritaake  marang aku. Kudune iku lak dadi wadi lan tansat dikempit rapet. Apa  krana aku dianggep kanca lawas njur dheweke entheng wae ngumbar crita  kaya mangkono. Rasa-rasane kok ya ana maksute iki. Nanging apa?
"Aku  wis nyangka kawit biyen yen kowe bakal dadi wartawan."
Aku  unjal ambegan.
"Rini  sing crita," mbuh kok Rindhang sering nggunakaake jeneng kuwi.
"Njur  nang kutha iki awakmu wis pirang taun?" pitakonku kuwi minangka  supaya dheweke ora nyebut jenenge Rini maneh.
"Wolung  taun dadi kacung, lan wiwit telung tahun iki nyekel dhewe."
"Bisnis  apa?"
"Akeh  cara kanggo golek sangu urip," Rindhang mesem. "Kowe milih dadi  wartawan, Rini ternak pitik lan nandur sengon, Sali dadi pengusaha  salon."
Umpamane  main bal-balan, Rindhang iki kaya nggiring bal. Mrana-mrene, tendhang  mrana, tendhang mrene, nanging ana tujuan sing bakal disampekake.
"Koranmu  maju ya?" pitakone.
"Lumayanlah."
"Padhahal  jaman saiki ora gampang ngopeni bisnis cetak sing saingane online  lan televisi,"    
Aku  ngguyu ngembang tebu.
"Kowe  pingin mobilmu ganti anyar?; aku duwe cara."
"Apa?"
"Lerenana  yen ndukung Bu Rasti dadi Walikota maneh."
Aku  mesem.
"Iki  tenan lho, Di." Rindhang mbukak tas lan njupuk amplop kandel terus  diseleh meja nang ngarepku. "Poine, aku iki ya kena yen diarani tim  suksese Pak Marto. Lan aku rada ora dhemen yen kowe  golek-golek salah-lupute Pak Marto, terus kok udal nang rubrik investigasi koranmu" 
Aku unjal ambegan.
"Intine, aku pingin kowe isa sak dalan karo aku; ndhukung Pak Marto kanggo nglawan Bu Rasti. Iki isa diarani panjer, yen mengko kelaksanan Pak Marto dadi Walikota, isih ana sing luwih gedhe tinimbang iki," Rindhang nyedakke amplop lemu iku nyang ngarepku. *****
Aku unjal ambegan.
"Intine, aku pingin kowe isa sak dalan karo aku; ndhukung Pak Marto kanggo nglawan Bu Rasti. Iki isa diarani panjer, yen mengko kelaksanan Pak Marto dadi Walikota, isih ana sing luwih gedhe tinimbang iki," Rindhang nyedakke amplop lemu iku nyang ngarepku. *****
 
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar