Kamis, 30 Juli 2015

Jula-juli Suroboyo: Toleransi

negoro Indonesia negoro besar
ribuan pulau tersebar menghampar
ayo iki dijogo ojok sampek ambyar
berpegang teguh Pancasila sebagai dasar

agama nang kene pancen akeh maceme
onok Hindu, Khonghuchu lan Katolik'e
onok Kristen, Budha lan Islam sing paling gedhe
kaben rukun mergo dhuwur toleransine

akeh sing krungu kejadian nang Tolikara
peristiwa kelam pas waktu Hari Raya
tapi kito ojok gampang diadu-domba
serahno wae marang penegak hukum negara

konflik antar pemeluk agama pancen sensitif
opo maneh lek onok pihak sing provokatif
kedadean cilik isok dikompori ben dadi masif
kondisi aman-tentram rusak malah dadi gak kondusif

ojok kabeh berita ditrimo tanpo digagas
saiki akeh berita sing sumbere ora jelas
berita plintiran sing di-share lan di-copas
yo ngono iku sing nggarai suasana dadi panas

media sosial pancen pengaruhe gedhe
kabeh uwong isok ngomong ngono-ngene
tapi kudune ora angger njeplak wae
karepe ben ketok pinter malah pamer dhedhele

urip rukun sing ora seneng iku sopo
senajan kita agamane bedo-bedo
bangsa lan bahasane biso ugo ora podho
tapi nasionalisme mengakar ing njero dhodho

(raup santen glali asale gulo
panen gabah bluluk dipangan doro
cukup semanten jula-juli kulo
yen onok salah, njaluk sepuuurooo....) *****





Tidak ada komentar:

Posting Komentar