Selasa, 27 Oktober 2015

Jula-juli Suroboyo: Pilkada Serentak

6 Desember Pilkada serentak
rek ayo rek podho sing kompak
pilihen calon sing track record-te tepak
ojok kepincut janji sing cumak asal njeplak

nang Suroboyo kene calone loro
onok Bu Risma lan paklik Rasiyo
endi sing dipilih terserah peno
aman tentremu kutho ayo dijogo

nang panggon liyo Pilkada onok sing dadi ontran-ontran
calon sing kalah ora gelem nrimo keputusan
ujung-ujunge ngerahno simpatisan
nglutuk kantor KPU ngamuk koyok wong kesetanan

ngamuk-ngamuk ngono kuwi untunge yo opo
malah nama baike calon sing diusung dadi cidro
kalah nang pesta demokrasi pancen kudu legowo
pilihan mayoritas pemilih iku sing nentokno

Suroboyo iki kutho Pahlawan
ayo podo dijogo supoyo tetep tentrem lan aman
bedo pilihan calon iku pancen keniscayaan
sing penting tetep rukun gak perlu gontok-gontokan*****

Tidak ada komentar:

Posting Komentar