Selasa, 07 April 2015

Basa Jawa Bakal Ilang?

WIS suwe banget rasane aku ora ngisi tulisan nang blog iki. Yen digolek-golekne, mesthi ana wae sing iso didadekne alasan. Sing sibuklah, sing ora sempatlah, lan liya-liyane. Nanging, intine, yo lagi males wae. Titik.

Nah, saiki, kanthi trantanan (kaya bayi belajar mlaku) aku niat ingsun nulis nganggo basa Jawa. Basa sing kudune luwih gampang dak tulis, ananging buktine, nulis nganggo basa Jawa luwih angel tinimbang nulis baha Indonesia. Padhahal, yen dak rasa-rasa, maca geguritan utawa cerkak basa Jawa, nang ati iki krasa luwih kena, luwih mirasa.

Aku dadi iling ing nalika taun 80an. Nalika iku Kangmasku dadi agen majalah minggon Panjebar Semangat lan uga Jayabaya. Krana saka kuwi, aku isa ajeg maca sadurunge majalah-majalah iku diterke menyang para pelanggan. Sing isih dak ilingi nganthi saiki, yaiku Roman Sacuwil tulisane Cahyarini T. Budiarti utawa gambar kartun asil coretane Suhadi TC (Tukang Cukur). Komike Teguh Santosa ing samak mburi, tulisan-tulisane Suparto Brata, Bonari Nabonenar lan liya-liyane. Siji maneh, ilustrator Panjebar Semangat sing gambare apik tenan, jenenge Budiono, saiki dadi ilustraor andalan Jawa Pos.

Cekak carita, masa-masa SMP nganti SMA aku ora tau ninggalke wacan basa Jawa. Saiki, aku ora ngerti kepriye kabare minggon basa Jawa kuwi. Kangen rasane maca geguritan, cerkak lan rubrik-rubrik khas liyane. Saiki, sing tak ngerteni, saya akeh bocah cilik ora bisa --aja ta maca-nulis aksara Jawa-- ngomong basa Jawa rada alus uga ora godak, isane mung ngoko. Malah, ora peduli bapa-biyunge asli Ngawi utawa Trenggalek, umpamane, akeh tangga-teparoku sing sabendina nggunakake basa Indonesia. Lha yen kaya mangkene kasunyatane, apa ora mengko bakal ilang basa Jawa iki?

Yen dudu kita, njur sapa sing njaga lan nglestare'ake basa Jawa? Apa mengko, putra-wayah kita kudu adoh menyang negara Walanda utawa Suriname kanggo sinau taling-tarung lan sapiturute? *****


Tidak ada komentar:

Posting Komentar