Sabtu, 11 Januari 2014

(Jula-juli) KBS = Kuburan Binatang Suroboyo



SUROBOYO, dulur, pancene kutho kondhang
ugo termasuk dhaerah terpandang
tempat rekreasine sak pirang-pirang
salah sijine yoiku Kebun Binatang

Nang Bonbin iku koleksine akeh tenan
ora mung kewan tapi ugo wit-witan
tempat sing nyaman kanggo liburan
panggonan favorit masyarakat kebanyakan

Selain panggon hiburan ugo sarana konservasi
tapi saiki KBS akeh sing ngrasani
polae nang kono bola-bali kewan mati
sing terbaru wingi onok singo dijiret tali

Onok sing ngarani kedadeyan iku disengaja
tapi sopo sing ndhalangi sampek saiki durung terbaca
akeh masyarakat atine bertanya-tanya
lan nyurigai iku sebagai akibat rebutan kuasa

Pemasukan KBS pancene gedhe tenan
ora
cuma jutaan tapi sampek milyaran
senajan ngono kesejahteraan kewan memprihatinkan
kewane kuru-kuru tandhane kurang mangan

Mbiyen tau onok unto sing matek
mbasan diselidiki nang wetenge kebek tas kresek
opo kurang bukti nang KBS onok oknum resek
najan rupo menungso tapi kelakuane ngalah-ngalahi bedhes belek

Saiki KBS dikelola pemerintah kota
krono iku sajake onok sing ora rela
mergo lahan korupsine bakal tiada
mangkane KBS digawe penuh problema

Harapane awake dhewe kari nang pihak polisi
polisi saiki pinter-pinter lan
ugo disegani
n
angkap teroris ae iso mosok mengungkap aktor dibalik KBS ora wani
lek iku terjadi termasuk hal sing ngisin-ngisini *****


1 komentar:

  1. Bener omz . . . awak dewe kudu pinter ngawal pak polisi , ,, ojok sampe polisi seng dadi aparat adil. . . isok diSUAPi karo aktore KBS

    salam

    Girilaya Real Groups

    BalasHapus