Senin, 19 September 2011

Geguritan

Kangen

aja nangis, anakku
ibumu isih lunga
pitung sasi maneh teka

aja nangis, anakku
umpama Hongkong kuwi mung lor kali
wis wingi-wingi
dak parani ***



Bali

munggaha mrene
ing sandhuwure pundhak gumuk
delengen
dhampyak-dhampyak manungsa
mabur ngalor

he, aja kesusu mudhun
delengen
dhampyak-dhampyak raja kaya
mabur ngalor

he, ayo mabur
dhampyak-dhampyak mujur ngalor ***



Wengi

wengi...
wangi wingi
nalika
saunting melathi
nginep ing ati

wengi iki
melathi garing
ing ngisore puring ***


Rendheng

sapa kowe
sing lunga-teka
sajerone rong sore

aku ketiga, kandhamu

sapa sing percaya
nalika ing mripatmu
ana mendhung lan gerimis playon
gegojegan ***



Saiki
 

siji mbaka siji
dina dina lunga teka

siji mbaka siji
manungsa memba-memba
raja kaya

gabah diinteri
manungsa diinteri
teri diinteri ***

(Tulisan ini saya buat tadi siang, pada jam istirahat. Sebagai jawaban atas pesan Bonari Nabonenar yang muncul di inbox FB saya)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar