WIS
suwe banget rasane aku ora ngisi tulisan nang blog iki. Yen
digolek-golekne, mesthi ana wae sing iso didadekne alasan. Sing
sibuklah, sing ora sempatlah, lan liya-liyane. Nanging, intine, yo
lagi males wae. Titik.
Nah,
saiki, kanthi trantanan (kaya bayi belajar mlaku) aku niat ingsun
nulis nganggo basa Jawa. Basa sing kudune luwih gampang dak tulis,
ananging buktine, nulis nganggo basa Jawa luwih angel tinimbang nulis
baha Indonesia. Padhahal, yen dak rasa-rasa, maca geguritan utawa
cerkak basa Jawa, nang ati iki krasa luwih kena, luwih mirasa.
Aku
dadi iling ing nalika taun 80an. Nalika iku Kangmasku dadi agen
majalah minggon Panjebar Semangat lan uga Jayabaya. Krana saka kuwi,
aku isa ajeg maca sadurunge majalah-majalah iku diterke menyang para
pelanggan. Sing isih dak ilingi nganthi saiki, yaiku Roman Sacuwil
tulisane Cahyarini T. Budiarti utawa gambar kartun asil coretane
Suhadi TC (Tukang Cukur). Komike Teguh Santosa ing samak mburi, tulisan-tulisane
Suparto Brata, Bonari Nabonenar lan liya-liyane. Siji maneh,
ilustrator Panjebar Semangat sing gambare apik tenan, jenenge
Budiono, saiki dadi ilustraor andalan Jawa Pos.
Cekak
carita, masa-masa SMP nganti SMA aku ora tau ninggalke wacan basa
Jawa. Saiki, aku ora ngerti kepriye kabare minggon basa Jawa kuwi.
Kangen rasane maca geguritan, cerkak lan rubrik-rubrik khas liyane.
Saiki, sing tak ngerteni, saya akeh bocah cilik ora bisa --aja ta
maca-nulis aksara Jawa-- ngomong basa Jawa rada alus uga ora godak,
isane mung ngoko. Malah, ora peduli bapa-biyunge asli Ngawi utawa
Trenggalek, umpamane, akeh tangga-teparoku sing sabendina nggunakake
basa Indonesia. Lha yen kaya mangkene kasunyatane, apa ora mengko
bakal ilang basa Jawa iki?
Yen
dudu kita, njur sapa sing njaga lan nglestare'ake basa Jawa? Apa
mengko, putra-wayah kita kudu adoh menyang negara Walanda utawa
Suriname kanggo sinau taling-tarung lan sapiturute? *****
Tidak ada komentar:
Posting Komentar